Halaman

Selasa, 10 Desember 2013

Crita



Crita iku sawijining pakarti kang asring dilakoni manungsa ana ing sajroning urip saben dinane. Kita bisa nyritakake aktivitas, pengalaman apa dene isine crita. Dene crita iku kalebu perangane micara. Ancase micara iku aweh informasi marang wong liya sarana lesan. Micara iku minangka katrampilan kang perlu diasah terus. Menawa ketrampilan iku wis bisa dikuasani lan dikembangke kanti becik iku minangka kaluwihan kang bisa dienggo sangu urip ing tembe mburine. Lire katrampilane manungsa ing babagan micara mau bisa kanggo pangupa jiwa (golek dhuwit).
Kang kudu digatekake rikala mbabarake crita yaiku:
1.                  Swara, maksude swara kudu cetha supaya kang ngrungokake gampang ngerti tegese.
2.                  Lafal, yaiku carane ngucapake tembung-tembung (bunyi).
3.                  Intonasi, tegese dhuwur cendheke/alus sorane swara anggone crita.
4.                  Gestur, ateges obahing awak lan perangane awak (tangan, sirah, sikil, lsp.) rikala crita.
5.                  Mimik, maksude praupan kang kanggo nuduhake rasa (seneng, susah, prihatin lsp) kang dumunung ana ing crita.
Ana maneh kang luwih wigati yaiku kendel, lire wani omong ing ngarepe wong akeh. Suwalike,  crita dadi angel amarga ora duwe bahan, ora wani omong (jirih) apa maneh ing ngarepe wong akeh. Supaya gampang, ana cara kang prasaja banget kanggo wong lagi ajar crita yaiku: diwiwiti nyritakake apa kang dialami, diweruhi lan dirasakake saka lingkungan kang paling cedhak nganti sing adoh. Kanthi mangkono saya suwe mesthi saya pinter anggone guneman ing ngarepe wong akeh.
 Tuladhane
GARA—GARA LAMPU MATI

Wektu kuwi kancaku kepengin cukur ing sawijining salon kang cukup terkenal ing Surabaya. Kira-ira jam setengah pitu bengi aku dikon ngeterake kancaku mau. Kanthi nganggo sepedhah motor kesayanganku aku nyasak padhete lalu lintas kutha Surabaya. Untunge salon iku ora adoh saka kost-kostanku. Kira-kira mung limalas menit aku lan kancaku teka ing salon iku.
Kaya adate wong cukur, aku lan kancaku ngenteni antrean. Nalika ditari dening kancaku supaya cukur, aku nulak. Anggonku nulak jalaran aku isih pengin ndawakake rambutku nganti suk ngarepake ujian skripsi.
Sawise teka ing antreane, kancaku sing jenenge Gay iku langsung ngadeg banjur jumangkah menyang kursi cukur. Sawise lungguh clenettt banjur Gay angsung marang si Mbake tukang cukur supaya motong modhel kaya artis Kore sing lagi ngetrend jamane saiki. Lagi enak-enak cukur, mak pett lampune mati. Apese anggone nyukur kancaku mau durung rampung, lagi oleh separo. Amarga salon mau ora nganggo jenset, banjur mbake si tukang cukur mau kandha “Wah, mas sepurane lampune! Sarehne anggonku nyukur mung oleh separo sampeyan mbayare uga separo wae ya” ngomonge mbake si tukang cukur sinambi ngresiki guntinge.
Amarga ora ana pilihan maneh, gelem ora gelem Gay kudu mbayar separo. Lan dheweke uga kudu trima kanthi modhel cukuran separo. Metu saka salon kuwi dak sawang praupane Gay kang suntrut. Weruh praupane Gay iku aku ngguyu kemekelen. Ana-ana bae cukur modhe Korea kok olehe modhel Separo. (Zuly Kristanto – Tulungagung) kapethik saka Panjebar Semangat 8 Juni 2013.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar