Halaman

Kamis, 09 Januari 2014

Klepon




Tuladha Paragraf Deskripsi

Klepon
Informasi
Asal
Indonésia
Dhaérah
Jawa
Penyajian lan bahan
Bahan
Klepon yaiku panganan sing misuwur ing tanah Jawa, kang digawé saka glepung beras ketan lan diisi gula Jawa. Klepon biasané mung ana rong werna yaiku ijo lan putih. Klepon iku wanguné bunder lan anggoné mangan nganggo wur utawa klapa kang diparut. Klepon uga kalebu jajanan pasar.
Ing Sumatra lan ing Malaysia, klepon disebut "ondhé-ondhé", déné sebutan iki ing tanah Jawa lan pérangan liya ing Indonésia arupa panganan sing béda yaiku panganan awangun bunder uga kagawé saka glepungberas isi adonan kacang ijo lan kulité diwuwuri wijèn. Prabédan panyebutan antara ing Jawa lan Sumatra-Malaysia iki kerep dadi panyebab salah paham. Klepon biasa didol bebarengan karo getuk lan cenil (uga disebut cetil) minangka jajanan ing wayah ésuk utawa soré. Werna klepon biasané putih utawa ijo gumantung seléra. Klepon kanthi werna ijo, perlu tambahan bahan pewarna alami saka godhong suji utawa godhong pandhan.
Carané nggawé klepon:
  • Gula pasir dicampur karo banyu godhong suji, uyah, mentéga, banyu, lan glepung beras ketan.
  • Adonan iku dicampur nganti kalis.
  • Banjur digawé bunder-bunder, digèpèngaké, diisèni gula Jawa, lan dibunder-bunder manèh.
  • Sawisé rampung digawé bunder-bunder, banjur digodhog nganggo banyu kang wis umub nganti adonan iku mumbul mendhuwur.
  • Yèn wis mumbul banjur dientas.
  • Carané nyajikaké yaiku adonan kang wis mateng diwadhahi lan ditata ing piring, banjur diwènèhi parutan klapa.
  • Klepon wis siap didhahar.

http://jv.wikipedia.org/wiki/Klepon

Tidak ada komentar:

Posting Komentar