KANCIL LAN BAYA
Ana ing sawijining
dina, kancil mlaku-mlaku ana ing pinggir kali. Dheweke lagi susah mergane
wetenge krasa luwe. Wis wiwit wingi kancil ora kelebon panganan babar pisan.
Lho kok bisa kancil ora mangan wiwit wingi? Critane kaya ngene iki. Desane
kancil saiki lagi ana pagebluk. Timun-timun sing ditanduri pak tani padha cmati
gabug. Kumangka ngerti dhewe ta, timun kuwi rak panganane kancil to. Wong sak
desa uga padha gumun, kok bisa tanduran timune padha mati gabug senajan ora
ungsum ketiga. Udan tetep mudhun seka langit. Kali pinggir desa yo ora asat,
malah luwih akeh seka adate. “Wadhuh, bisa mati luwe nek ngene iki terus”,
ugeme kancil karo ngelus elus wetenge sing katon cilik merga ora ana isine.
“Woh-wohan semene akehe kok yo ming timun thok sing gabug. Sial.. jan tenan
siale”, batine kancil saya mangkel atine.
Pas mlaku ana ing
cedhak wit randhu sing nggo tetenger desa kuwi kancil ketemu karo kelinci.
Kelincine katon bagas waras nandhakake dheweke war`eg. “Lho, Cil, ana apa kowe
kok katon lemes”, kelinci ngaruh-aruhi kancil. “Apa durung mangan kowe Cil”,
kelinci nerusake takon. Kancil sing nyauri karo rada nesu, “ Wis ketok lemes
kaya ngene kok malah ditakoni wis mangan apa durung. Ngece kowe!!”. Kelinci
kaget. Dheweke ora ngira yen jawabane kancil malah dadi nesu. Kelinci tetep
sabar. “Iki mesthi ana apa-apa”, batine kelinci. “Aku njaluk ngapura ya Cil,
yen aku ana salah. Aku ora ngerti nek kowe saiki lagi ana masalah. Mbok crita
karo aku, sapa ngerti aku bisa nulungi”, kelinci ngomong alus karo nyedhaki
kancil.
“Oooohhh dadi ngono
to critane”, kelinci lagi ngerti masalahe kancil sak wise dicritani kahanane.
“Eh, ngerti opo ora, desa sebrang kali kae saiki lagi panen timun. Aku ngerti
dhewe pas pak tani nyabrang numpak prau. Pak tani nyangking timun gedhe-gedhe
tur katon seger-seger”, kelinci nerangake apa sing bar didelok. “Tur ijo-ijo
meling-meling”, kelinci nambahi ujare. Krungu critane kelinci kancil dadi
kemecer. Wetenge dadi saya muni kemrucuk. Idune dadi ngeces. “Timune gedhe tur
seger-seger?”, ujar kancil. “Ya wis aku tak mara rana…!”, kancil mlayu
nggenjrit karo mbengok nganti lali ora pamitan karo kelinci.
Kancil meneng.
Ngadeg kaya patung. Ora obah babar pisan sak tekane pinggir kali ana ing
pinggir desa. Dheweke nganti lali yen kali bates desa iki kali gedhe sing akeh
bayane. Saking luwene critane kelinci ora dipikir akeh. Saiki dheweke saya
bingung. Arep nyegur kali mesthi dicokot baya. Tur dhasare kancil ora isa nglangi.
Arep melu prahu mesthi ora entuk mergane kancil wis kondhang tukang nyolongi
timune pak tani. Arep liwat kerteg gedhe kudu mlaku ndhisik telung dina telung
wengi. Kancil saya bingung. Munine weteng saya sero. “Krucuk… krucuk…
krucuk….”. Ora let suwe mripate abang mbranang mbrebes mili. Iluhe netes.
Nangis. Ora sadhar, merga disurung karo kahanan wetenge, kancil mlaku maju.
Sikile mlebu kali sithik mbaka sithik.
“Whoooooaaaaahhhh”.
Dumadakan baya gedhe wis ana ing ngarep kancil. Tangane wis nyekeli sikile
kancil. “Wis, Cil. Saiki kowe wis ora isa ucul seka aku. Aku arep nguntal
awakmu. Ha ha ha ha ha…”. Baya gedhe mau wis arep nyaplok awake kancil sing
katon kuru mau. Kancil ndredheg, meh semaput. Ning dhasar kancil, nek kepepet
kaya ngene iki malah pikirane bisa mletik.
“Sabar… sabar…
sabar….pak baya… sabar”. Kancil wiwit muter mikire. “Aku iki jan jane diutus
karo Kanjeng Nabi Sulaiman. Kanjeng nabi arep maringi rejeki marang kaum baya
kabeh. Lha aku terus diutus kon kudu ngetung ana pira baya sing ana neng kali
iki”, kancil crita karo ngatur ambegan ben ora ketok ndredheg arep diuntal
baya. Sak durunge baya mikir dawa kancil nerusake critane. “Ning ndilalahe
mripatku wingi lara ora isa ndeleng meneh. Delengen mripatku iki. Abang
mbranang tur mbrebes mili banyune. Iki merga mripatku lara. Aku ora bisa ndelok
kowe kabeh, dadine aku ora isa ngetung siji siji kowe karo kancamu”. Kancil
saya kendel omonge merga krasa sikile baya saya kendo olehe nggoceki.
“Lha terus
piye…..”, baya-baya padha mbengok bareng bareng. Kancil saya seneng terus
ngandhani carane. “Kowe kabeh saiki baris jejer jejer seka pingir kali iki
tekan pinggir kali kana. Aku terus ngetungi siji-siji karo mlumpat gegermu. Ben
aku ora lali olehe ngetung, pas aku ngidak gegermu sing diidak kudu ngitung
dhewe urut.”
Bar dikandhani
carane, baya-baya sing wis ngumpul mau padha bubar terus nata dhewe dhewe kathi
urut. Kahanan katon rame banget. Kancil ethok ethok ora ndelok. Kancil meneng
men diarani wuta tenan karo baya-baya. Sakwise baya nata kanti urut, baya sing
nang pingir dhewe ngundang kancil. “Kancil, iki wis rampung. Cepet ulek
diitung, aku selak kepingin hadiahe seka Kanjeng Nabi Sulaiman.”. Mega diceluk,
kancil miwiti ngancik geger baya siji mbaka siji. Pas gegere dipidak, baya
ngitung karo mbengok. “Siji”, “Loro”. “Telu”. Lan sakteruse nganti tekan
pinggir kali sabrange. Ana telun puluh sanga cacahe.
Mbasan wis tekan
pinggir kali, kancil mlayu mbradhat sipat kuping ninggalake baya sing isih
jejer ngenteni. Akhire baya lagi sadhar yen wis diapusi kancil. Kancil saiki
kewaregen timun. (rampung)
Sumber :
Tidak ada komentar:
Posting Komentar