Halaman

Senin, 13 Januari 2014

Iklan




Iklan yaiku pangajak kang ditindakake kanthi dibolan-baleni. Lumrahe dibiwarake (disebarluaskan) mawa media cethak lan elektronik. Bab-bab kang perlu digatekake sajroning iklan iku ana loro (2) yaiku:
1.      Surasa (isi) iklan:    
a.    kudu objektif lan jujur
b.    cekak lan cetha
c.    ndudut ati (narik kawigaten)
2.      Basa iklan:    
a.       Gampang ditampa.
b.      Ukarane cekak, cetha lan ndudut ati.
c.       Gambare cetha, gampang dingerteni, ndudut ati, lan nggodha wong nganti kepengin nduweni, nuwuhake rasa kepengin ngerti lan nyoba.
d.      Isine nyata lan ora ngapusi.
e.       Sifate ajak-ajak.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar