Halaman

Senin, 13 Januari 2014

JENENGE PANGGONAN



A
1.      Alas           : panggonane wit-witan/thethukulan lan kewan-kewan.
2.      Alun-alun    : plataran amba ing satengahing kutha.
B
1.      Babadan     : panggonan sing wis dibabadi.
2.      Balapan       : panggonan kanggo adu balap.
3.      Bale mangu : panggonan kanggo ngadili wong luput.
4.      Bango          : panggonan kanggo dodolan.
5.      Bangsal       : panggonan kanggo pasamuwan.
6.      Besalen       : panggonan kanggo mandhe.
7.      Beteng         : tembok gedhe dhuwur kanggo nahan mungsuh.
8.      Bong              : kuburane cina.
9.      Bothekan    : wadhah jamu utawa bumbu kanggo masak.
10.  Bubat           : panggonan kanggo adu samubarang.
C
1.      Cangkruk    : panggonan kanggo jaga kampung.
2.      Clunthang   : wadhah jangkrik.
E
1.      Endhong     : wadhah panah.
2.      Epok            : wadhah kinangan.
3.      Esong         : growongan ing pinggire kali, panggonan landhak.
G
1.      Gadhen       : panggonan kanggo nggadhekake barang.
2.      Gayor         : kanggo nyanthelake gong.
3.      Gedhogan   : kandhang jaran.
4.      Gedhong     : omah gedhe kanggo pasamuwan.
5.      Gerdhu       : panggonan kanggo jaga.
6.      Glodhogan  : kanggo omah tawon.
7.      Greja           : panggonan sembahyang wong kristen.
8.      Grobog       : kothak kayu sing gedhe kanggo nyimpen barang.
9.      Gubug          : panggonan kanggo njaga tanduran.
10.  Gudhang     : panggonan nyimpen barang.
11.  Gupit mandragini : kanggo sarene raja/ratu.
H/I
1.      Hotel             : omah sewan kanggo panginepan.
2.      Iyan                : wadah kanggo ngeler sega.
J
1.      Jodhang      : grobog bupati pamerintah daerah.
2.      Kadhaton    : daleeme ratu.
3.      Kandhang   : omah kanggo ngingu kewan (kebo, sapi, wedhus, lsp).
4.      Kanthong    : sak ing klambi/celana kanggo ngesaki barang.
5.      Kanthongan   : kanggo ngadhahi barang-barang.
6.      Kantor           : panggonan kanggo nyambut gawe, panggonan kanggo ngurusi samubarang kaperluan.
7.      Klentheng   : panggonan kanggo sembahyang cina.
8.      Klething      : wadhah kanggo golek banyu.
9.      Kombong    : kandhang bebk, pitik, lsp.
10.  Krangkeng  : kandhang kewan galak nganggo pager wesi.
11.  Kranjang     : wadhah sing digawe saka pring dienam.
12.  Kraton         : daleme ratu.
13.  Kuburan      : panggonan kanggu ngubur wong mati.
14.  Kuncung     : omah cilik ing ngarepe pendhapa.
15.  Kurungan    : kanggo ngingu manuk, pitik, lsp.
L/M
1.      Langgar      : omah cilik kanggo sembahyang wong Islam.
2.      Lemari         : kanggo nyimpen sandhangan/barang.
3.      Leng             : bolongan cilik omahe gangsir, semut, rayap, lsp.
4.      Loji             : omah apik tinggalane landa.
5.      Lumbung    : panggonan kanggo nyimpen pari.
6.      Menara        : panggonan sing dhuwur kanggo pepeling.
7.      Mesjid           : omah gedhe kanggo sembahyang umat Islam.
P
1.      Pacrabakan : panggonan sang wiku, papan pamu-langan.
2.      Padaringan  : wadhah kanggo nyimpen beras.
3.      Padasan      : panggonan kanggu wudhu.
4.      Padhepokan  : papan pamu-langan patapan, omahe pandhita.
5.      Paestren      : sawah ing sapinggire kali.
6.      Paga              : kanggo nyimpen bekakas pawon.
7.      Pagagan      : lemah sing ditanduri pari gaga.
8.      Pagajih         : lemah ding dumadi saka walede kali.
9.      Pagupon      : omahe dara.
10.  Paidon         : wadhah idu.
11.  Pakunjaran  : panggonan kanggo ngunjara/ngukum wong luput.
12.  Pamulangan    : papan kanggo mulang wuruk/sekolahan.
13.  Panepen      : papan kanggo semedi, nepi, tapa, lsp.
14.  Pantisari      : omah cilik ing satengahing pataman.
15.  Papon           : wadhah apu/enjet.
16.  Pasanggrahan  : papan panginepan ing sajabaning kutha.
17.  Pasar               : papan kanggo dodolan utawa tetuku barang.
18.  Pasetran      :papan kanggo mbuwang bangke.
19.  Patamanan  : lemah sing ditanduri kekembangan.
20.  Patapan       : omahe pandhita, papan kanggo wong tapa.
21.  Pawon          : perangan omah sing kanggo olah-olah.
22.  Payudan      : panggonan jembar kanggo adu perang.
23.  Pekarangan : papan sakiwa tengene utawa mburine omah.
24.  Pelabuhan   : papan kanggo mandhege (labuh) prau/kapal.
25.  Pelataran     : lemah sangarepe omah.
26.  Pendhapa    : perangan omah ngarep kanggo pasamuwan.
27.  Pesantren    : papan kanggo mulang wuruk para santri.
28.  Pesisir        : pinggire segara.
29.  Petarangan  : panggonan kanggo ngendhoge pitik.
30.  Pinihan        : lemah kanggo ndhedher winih tanduran.
31.  Plangkan     : papan kanggo ndeleh tumbak, payung.
32.  Plegungan   : papan kanggo lerene sapi sing eyup.
33.  Ploncon       : papan kanggo tumbak, teken, lsp.
34.  Pluwang      : luwang kanggo masangi kewan alas.
35.  Pomahan     : pekarangan sing didegi omah.
36.  Pondhok     : omah kanggo mondhok, ngaji para santri.
37.  Pragen          : wadhah uyah bumbu.
38.  Pranji          : kandhang pitik.
R
1.      Ranggon     : gubug ing alas kanggo leren utawa njaga kewan.
2.      Rong            : leng gedhe omah tikus, yuyu, ula, iwak lsp.
3.      Rumah sakit   : papan kanggo ngrumat wong lara.
S
1.      Sanatorium : papan kanggo nambani wong lara TBC.
2.      Sanggar       : papan kanggo latihan, papan kanggo semedi.
3.      Sawah          : lemah kanggo nandur pari, kedele, tebu, lsp.
4.      Segaran       : tetiron segara kanggo ngingu iwak.
5.      Sekolahan   : papan kanggo sinau, mulang wuruk.
6.      Selon           : wadhah bumbu utawa trasi.
7.      Senthong    : perangan sajroning omah kanggo turu, utawa ndeleh barang.
8.      Stasiun       : papan kanggo mandhege sepur.
9.      Setren          : sawah ing sapinggire kali.
10.  Slepen         : wadhah rokok klobot utawa mbako.
11.  Sudhung     : grumbul omahe celeng.
12.  Susuh           : omah manuk, tikus, bajing, lsp.
T
1.      Tala             : omah tawon.
2.      Talun           : panggonan ing pagunungan.
3.      Tambak       : papan kanggo ngingu iwak.
4.      Tangki         : wadhah lenga, gas lsp.
5.      Tangsi          : papan panggonane tentara.
6.      Tegalan       : lemah sing ditanduri palawija lsp.
7.      Tobong       : panggonan kanggo ngobong gamping.
8.      Tulang         : kothak ciik kanggo adu jangkrik.
W
1.      Warung       : papan kanggo dodolan panganan.
2.      Wihara        : panggonan sembahyang umat Budha.
3.      Wrangka     : kayu wadhah keris utawa tumbak.  

Sumber : Kapethik saka Kawruh Basa Jawi 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar