Halaman

Selasa, 14 Januari 2014

RURABASA




Tembung Rurabasa iku tembung sing ajeg panganggone sanajan salah kaprah.
1.      Adang esuk   : adang sega wayah esuk.
2.      Adang sega   : adang beras supaya dadi sega.
3.      Bakul jangan : wong dodol keperluane masak.
4.      Jaga gerdhu   : jaga keamanan manggon ing gerdhu.
5.      Mangan awan           : mangan sega wayah awan.
6.      Mbathik sewek : mbathik mori supaya dadi sewek.
7.      Mbunteli tempe : mbunteli kedele godhog dicampuri ragi supaya dadi tempe.
8.      Menek klapa : menek wite klapa.
9.      Mikul soto     : mikul kwali isine soto.
10.  Ndhudhuk sumur : ndhudhuk lemah digawe sumur.
11.  Njahit klambi            : njahit kain supaya dadi klambi.
12.  Negor klapa  : negor wit klapa.
13.  Nenun sarung            : nenun benang supaya dadi kain.
14.  Netel jadah   : neten ketan mateng supaya dadi jadah.
15.  Ngekum landha : ngekum arrange merang supaya dadi landha.
16.  Ngenam klasa           : ngenam mendhong/pandhan supaya dadi klasa.
17.  Ngenam kepang : ngenam rambut supaya dadi kepang (rambut klabangan).
18.  Ngenam sesek           : ngenam silatan pring supaya dadi sesek.
19.  Nglinthing rokok : nglinting klobot karo mbako supaya dadi sesek.
20.  Nulis laying   : nulisi dluwang/kertas supaya dadi laying.
21.  Nunggu manuk : nunggu sawah supaya parine ora dipangan manuk.
22.  Tangi turu     : melek bar turu.




PEPINDHAN

A
1.      Abang kumpul padha abang-kaya alas kobong.
2.      Abange-kaya godhong katirah.
3.      Agunge-kaya samodra rob.
4.      Akehe pepati-kaya babadan pacing.
5.      Akehe lelara-kaya kena pagebluk.
6.      Ali-aline-nggunung sapikul.
7.      Aluse-kaya sutra
8.      Antenge-kaya temanten ditemokake.
9.      Ayune-kaya dewi Ratih.
B
1.      Baguse-kaya bathara kamajaya.
2.      Bangone-awangun gedhang salirang.
3.      Bantere-kaya angina.
4.      Bebedane-ngandhal melet.
5.      Bedane-kaya bumi karo langit.
6.      Begjane-kaya nemu emas sakebon.
7.      Bungahe-kaya ketiban ndaru.
C
1.      Cahyane binger-kaya lintang johar.
2.      Cahyane nglentrih-kaya rembulan karainan.
3.      Cek klakep-kaya orong-orong kepidak.
4.      Cethile-kaya cina craki.
5.      Cumlorot-kaya lintang alihan.
D
1.      Dalane-nggeger sapi.
2.      Dawane barisan-kaya sela brakithi.
3.      Dedege-ngringin sungsang
4.      Dhuwure-kaya othak-othak mega.
E
1.      Gagah prakoso-kaya Raden Werkudara.
2.      Galake-kaya macan manak.
3.      Gampang-kaya empol pinecok.
4.      Gelungane-ngadhal menek.
5.      Gelise-kaya banyu sinaring
I
1.      Ijo kumpul padha ijo-kaya bethet sayuta.
2.      Ireng kumpul padha ireng-kaya gagak reraton
J
1.      Janggute-pindha tawon gumantung.
2.      Jogede-kaya merak kasimpir.
K
1.      Kagete-kaya tinubruk ing wong lepat.
2.      Kaku-kaya kena nggo pikulan
3.      Kenese-kaya dewi Srikandi.
4.      Kopat-kapit-kaya buntut ula tapak angina.
5.      Kuninge-kaya emas sinangling.
6.      Kuning kumpulm padha kuning-kaya podhang reraton.
L
1.      Lakune nusup-nusup-pindha ayam alas.
2.      Landhepe-pitung pinyukur.
3.      Lelewane-milangoni
4.      Lir sato mungging-rimbangan
5.      Luruhe-pindha Dewi Sembadra.
M
1.      Mendhak-mendhak-kaya sato memeti.
2.      Mider-mider-kaya undar.
3.      Mlakune mundur-kaya mungkur gangsir.
4.      Mlakune-ngodhok.
N
1.      Nangise ndrenginging-kaya rase.
2.      Nangise-ngorong-ngorong.
3.      Nututi wong pinter-prasasat ngajari bebek nglangi.
4.      Nyengite-kaya dhemit.
O
1.      Olehe kabegjan - kaya nemu emas saloka.
2.      Omahe-awangun glathik mungup.
3.      Omahe-awangun gedhang salirang.
4.      Omahe-awangun klabang nyander.
P
1.      Padhange -kaya rina
2.      Padha - pleg
3.      Panase - kaya mecah-mecahna sirah
4.      Penggalihe padha-pindha suruh lumah lan kurupe, yen dinulu seje rupane, yen ginigit padha rasane.
5.      Parine – gumadhung
6.      Parine – ngemping
7.      Pintere – kaya bisa njara langit.
8.      Pipane rokok – menyu
9.      Pipine –kaya tomat mateng
10.  Polahe – kaya gabah den interi
11.  Polahe – ngaru napung
12.  Polatane mbranyak – kaya Raden Samba
13.  Putih kumpul padha putih – kaya kuntul neba
14.  Putih memplak – kaya kapuk diwusoni.
R
1.      Rakete – kaya sadulur sinara wedi
2.      Ramene – lir prahara nempuh wukir
3.      Ramene surak – mbata rubuh
4.      Rikate - kaya angin
5.      Rukune – kaya mimi lan mintuna
6.      Rupan kembar – pindha jambe sinigar
S
1.      Salake – medhi (masir)
2.      Sambate – kaya nggrantang
3.      Senenge – kaya bubuk oleh leng
4.      Sowane mendhak-mendhak – kaya sata manggih krama
5.      Suguhane – mbanyu mili
6.      Sumbare – kya bisa mutung wesi gligen
7.      Suweke – nyangkem kodhok
8.      Swarane – kaya mbelah-mbelahna bumi
T
1.      Tandange cukat – kadya kilat, kesit kadya thathit
2.      Tandange – kaya bantheng ketaton
3.      Tapa – ngalong, ngidang, nyantuka
4.      Tekade – kaya madu lan manise
5.      Thingak-thinguk – kaya kethek ditulup
6.      Tulisane – awangun ketumbar (aksara jawa)
U
1.      Ulese – ngembang asem
2.      Untabe – kaya samodra rob
3.      Utange – nyundhul empyak
4.      Utange – turut usuk
5.       
W
1.      Wangsulane – saur manuk
2.      Wangune – kaya dara gepak
3.      Wiragane – nenangi brata
4.      Wrangkane - gayaman

Tidak ada komentar:

Posting Komentar