Halaman

Rabu, 15 Januari 2014

Gamelan

Gambar instrumen gamelan


Huruf Jawa

Tuladha Huruf Jawa


Huruf Jawa

Tuladha Huruf Jawa


Huruf Jawa

Tuladha Huruf Jawa


Muncule Aksara Anyar Hanacaraka

05 Muncule Aksara Anyar Hanacaraka


Sawisé jaman Måjåpait, muncúl jaman Islam lan uga jaman Kolonialismê Kulón ing Tanah Jawa.
Ing jaman iki banjúr muncúl naskah-naskah manuskrip kapisan síng wís nganggo aksårå Hånåcåråkå Anyar.
Naskah-naskah iki ora namúng katulís ing gódhóng palêm (róntal utawa nipah) manèh, nangíng ugå ing dluwang utawa kêrtas lan awujúd buku utåwå codex ("kodhèks").
Naskah-naskah iki ditêmókaké ing tlatah pasisir lór Jåwå lan pådhå digawani mênyang Eropah ing abad kapíng 16 utåwå 17.

Bêntuké aksårå Hånåcåråkå Anyar iki wís bédå karo aksårå sadurungé kayåtå aksårå Måjåpaitan.
Prabédan utåmå iku anané serif tambahan ing aksara Hånåcåråkå Anyaran.
Aksårå-aksårå Hånåcåråkå awal iki bêntúké mèmpêr kabèh såkå Bantên ing sisíh kulón nganti têkan Bali.
Nangíng banjúr akiré pirang-pirang tlatah ora nganggo aksårå Hånåcåråkå lan pindhah nganggo Pégón lan aksårå Hånåcåråkå gaya Surakartan síng dadi baku.
Nangíng saka kabèh aksårå iku, aksara Bali síng bêntúké têtêp padha nganti ing abad kapíng 20.

Aksårå Hånåcåråkå ing médhia céthak

Aksårå Hånåcåråkå wiwít digunakaké kanggo nyithak buku ing púrwané abad kapíng 19.
Tèknik médhia cithak wiwít ditêpangi púrwané ing Eropah ing têngahé abad kapíng 15 ing kiwå-têngêné tahún 1450.
Síng kapisan ngriptå iku Johannes Gutenberg såkå Jêrman.
Måwå sistém Gutenberg iki, dadi sawijiníng tèks ora usah ditulís måwå tangan manèh déníng sawijiníng juru tulís nangíng bisa dicithak.
Akibaté buku-buku biså diprodhúksi massal lan éwadéné biså diêdól luwíh murah lan panyêbarané luwíh jêmbar.
Bångså Éropah wís pådhå nêkani Nuswantårå wiwít taun 1511, lan manyinaóni båså-båså pribumi ing tlatah kéné, nangíng gagasan kanggo nyithak buku-buku måwå aksårå pribumi lagi muncúl ing purwané abad kapíng 19.
Sadurungé ånå aksårå síng marêmi brayat umúm, ana sawêtårå gagasan-gagasan síng muncúl prêkårå aksårå Jåwå cithak síng apík såkå sumbêr síng séjé-séjé.
Ing kålå sêmono pangriptå aksårå Jåwå cithak iki dadi diprakarsani déníng kêlómpók síng séjé-séjé yaiku: Raffles, pamaréntah Hindhia-Walåndå, kaúm panyêbar agåmå Kristên (zending), lan pårå ngèlmuwan.
Kanggo aksårå Hånåcåråkå Jåwå, priyayi síng kapisan nggawé cithakan aksårå Hånåcåråkå iku Thomas Stamford Raffles ing bukuné síng misuwúr The History of Java (Raffles 1817).
Nangíng aksårå cithak Jåwå iki namúng kanggo ilustrasi ing bukuné waé, ora kanggo nyithak tèks síng akèh.

Van Vlissingen
Sawisé iku ing taún 1820, kêpala Algemeene Secretarie ing Batavia, J.C. Baud mutúsaké supåyå ånå mêsín cithak måwå aksårå Jåwå. Baud banjúr awèh paréntah marang sawijiníng pakar båså Jåwå Walanda síng nalika iku manggón ing Suråkårtå, P. van Vlissingen supåyå biså ngrancang sawijiníng aksårå cithak síng praktis tur apik. Van Vlissingen sarujúk lan nggawé sawijiníng modhèl aksarané. Nangíng dhèwèké ing taún 1821 mulíh mênyang Walåndå.
Sênadyan mêngkono pårå pênggêdhé ing Batavia sênêng marang rancangané lan Van Vlissingen síng wís ing Walåndå dikirim layang supåyå nêrusaké gayuhé.
Banjúr wusanané ing Juni 1825 aksårå cithak iki têkan ing Batavia. Wóng-wóng ing kånå pådhå sênêng amêrgå aksarané biså kanggo nyithak tulisan tênanan lan tuladhané yå aksårå síng kaanggêp apík dhéwé kålå iku: aksårå Hånåcåråkå gaya kêratónan Suråkårtå. Nangíng sênadyan mêngkono ugå ånå kritik marang aksårå cithak iki. Aksarané kêcilikên ukurané minångkå rélatif lan akèh pådå-pådå såhå sandhangan síng ora mèlu kacipta dadi aksårå iki ora bisa kanggo nyithak tèks-tèks kasusastran, namúng kanggo nyithak tèks-tèks biyåså waé ing koran.
Kamångkå rêncanané mbiyèn olèhé nggawé aksårå cithak iku supåyå bisa nyithak buku-buku kasusastran

Brückner
Banjúr kurang luwíh ing mångså síng pådhå ånå sawijiníng juru dakwah Protèstan (Walanda zendeling) såkå Jêrman ajênêng Gottlob Brückner síng nduwé kapénginan nêrjêmahaké Alkitab ing båså Jåwå. Brückner wís manggón wiwít taún 1814 ing Sêmarang. Alíhbåså Alkitabé wís rampúng ing taún 1821, banjúr dhèwèké kêpéngín nyithak naskahé lan takón mênyang pamaréntah kolonial åpå bisa nggawé mêsín cithak aksårå Jåwå ora.
Nangíng suwé ora olèh réaksi wusanané dhèwèké nggawé aksara cithakan dhéwé síng rampúng ing taún 1831.
Aksarané iki saliyané kanggo nyithak pratélan Alkitabé, uga diênggo nyithak pamflèt-pamflèt Kristên síng diêdúmaké ing Sêmarang taún 1831.
Ing Sêmarang pårå pêdunúng pribumi tibaké sênêng bangêt marang tulisané nganti pamaréntah kolonial dadi wêdi lan mbêslah åpå síng turah.
Banjúr Brückner ugå olèh pèngêtan yèn Alkitab-Alkitabé ugå bakal dibêslah yèn diêdúmaké.
Wujúd aksårå Jåwå gaya Brückner iki ditliti déníng pårå pakar sastrå Jåwå kålå iku yaiku C.F. Winter lan J.F.C. Gericke.
Pårå pakar iki kúrang sênêng marang modhèl aksarané Brückner amêrga kaanggêp dudu cangkókan gaya Kêratón Suråkartan síng kålå iku kaanggêp apík dhéwé.

Roorda van Eysinga lan Radèn Saleh
Roorda van Eysinga, sawijiníng pakar sastrå Jåwå ing nêgårå Walåndå uga tau ditugasi nggawé aksara cithak.
Roorda van Eysinga banjúr ngrancang sawijiníng aksårå, rinéwangan déníng Radèn Salèh.
Aksårå riptan Roorda van Eysingan iki rampúng ing taún 1835. Nangíng kasilé dikritik amêrgå rupané isíh ålå lan wujúdé wujúd aksårå pêsisiran, dudu aksårå gaya Suråkartan.

Roorda
Taco Roorda iku síng kapisan biså nggawé aksårå Jåwå síng biså dianggêp suksès amêrgå aksarané ditampa déning pårå pakar sajaman lan têtêp diênggo nganti luwih saka 100 taún.
Aksårå Roorda iki rampúng ing taún 1838.
Taco Roorda iku sajatiné pakar båså Wétan Têngah kaya ta båså Ibrani, budaya Wétan Têngah, såhå tafsir Prajanjian Lawas.
Nangíng dhèwèké dadi profésor båså lan sastrå Jåwå wiwít taún 1842 ing Delftsche Academie, akadêmi studi ‘Hinda’ ing Delft. Sawisé lêmbaga iki dibubaraké ing taún 1864, dhèwèké dadi profésor ing lêmbaga pênêrusé ing Leiden síng diarani Rijksinstelling tot Opleiding van Indische Ambtenaren utåwå 'Lêmbaga Negårå bagi Pêndidikan Pêgawai Nêgêri Hindia'.
Roorda dhéwé miturút panuturé dhéwé biså nggawé aksårå síng apík mêrgå bisa niliki lan sinau såkå pêngalaman pårå pêndahulu-né. Saliyané iku dhèwèké biså nggambar måwå apík, mulané bisa nggambar konsèp cithakan aksarané.
Banjúr jênís aksårå sing diênggo déníng Roorda iku jênisé pancèn têpat, yaiku aksårå Jåwå gaya Karatón Suråkårtå síng kålå iku dianggêp apík dhéwé.

Sumber : 

Aksara Jawa Hanacaraka

02. Aksara Jawa Hanacaraka

Aksårå Hånåcåråkå iku babóné aksårå Brahmi síng asalé såkå Hindhústan.
Ing anak bawånå Indhia iku akèh rupa-rupaníng aksårå. Salah sijiníng aksårå síng wigati iku aksara Pallawa saka Indhia sisih kidúl.
Aksårå iki inaranan mêngkéné miturút jênêngé salah siji karatón ing Indhia kidúl yaiku Karajan Pallawa.
Aksårå Pallawa iki digunakaké ing kiwa têngêné abad kapíng-4 Masèhi.
Ing Nusantårå patilasan sajarah arupå prasasti Yupå saka Kutai, Kalimantan Wétan tinulis nganggo aksårå Pallawa.
Aksårå Pallawa iki dadi babóné kabèh aksårå Nusantårå, antarané aksårå Hånåcåråkå ugå aksårå Réncóng (aksara Kaganga), Surat Batak, aksara Makassar lan aksara Baybayin (aksarané saka Filipina).
Professor J.G. de Casparis, yaiku pakar paléografi utåwå ahli ngèlmu sajarah aksårå misuwúr såkå Walåndå mérang sajarah tuwuhíng aksårå Hånåcåråkå ing limang mångså utåmå:
1. Aksårå Pallawa
2. Aksårå Kawi Wiwitan
3. Aksårå Kawi Pungkasan
4. Aksårå Måjåpait
5. Aksårå Pasca-Majåpåit utawa Hånåcåråkå
Aksårå Pallawa iki digunakaké ing Nusantårå såkå abad kapíng 4 nganti kurang luwíh abad kapíng 8.
Banjúr aksårå Kawi Wiwitan diênggo såkå abad kapíng 8 nganti abad kapíng 10 utamané ing Jawa Têngah.
Aksara Kawi Pungkasan digunakaké sawisé abad kapíng 10 nganti kirå-kirå abad kapíng 13 ing Jåwå Wétan.
Banjúr aksårå Måjåpait iku digunakaké ing Jåwå Wétan nalikå jaman Måjåpait.
Banjúr sawisé karajan Måjåpait binêdhah, muncúl aksara Hånåcåråkå modhèrn síng ugå kêrêp diarani aksårå Jåwå.
Aksårå ini banjúr dadi kanggo ing saubêngíng Tanah Jawa, Tatar Sundhå, Madurå, lan Bali.
Kabèh-kabèh aksårå iki dadi sakêlómpók lan isíh sakêrabat.
Nangíng sajatiné ugå ånå aksårå liyané ing tanah Jåwå síng luwíh lawas lan isíh diênggo.
Aksårå iki jênêngé dadi aksara Budå.
Aksårå Hånåcåråkå banjúr déníng wóng-wóng Eropah digawèkaké vèrsi aksårå céthak ing abad kapíng 19.

Sumber : http://ki-demang.com/index.php/03-sejarah-hanacaraka/219-02-aksara-jawa-hanacaraka

Sejarah Hanacaraka

Aksårå Hånåcåråkå.
Aksårå Hånåcåråkå ( utåwå ) iku sarupaníng aksårå síng kaanggo ing Tanah Jåwå lan saubêngé kåyå tå ing Madurå, Bali, Lómbók lan ugå Tatar Sundhå.
Aksårå Hånåcåråkå iku ugå diarani aksårå Jåwå nangíng sajatiné ukårå iki kurang srêg amargå aksårå Jåwå iku warnané akèh saliyané iku aksårå iki ora namúng diênggo nulís båså Jåwå waé.
Aksårå iki uga diênggo nulís båså Sangskrêta, båså Arab, båså Bali, båså Sundhå, basa Madurå, båså Sasak lan ugå båså Mêlayu.
Nangíng ing artikêl iki ukårå Hånåcåråkå lan aksårå Jåwå diênggo loro-loroné lan yèn ånå ukårå aksårå Jåwå síng dirujúk iku aksårå Hånåcåråkå.
Aksårå Hånåcåråkå kagólóng aksårå jinis abugida utåwå hibridha antårå aksårå silabik lan aksårå alfabèt.
Aksårå silabik iki têgêsé yèn sabên aksårå ugå nyandhang sawijiníng swårå. Hanacaraka kalêbu kulåwargå aksårå Brahmi síng asalé såkå Tanah Hindhústan.
Yèn bêntúké, aksårå Hånåcåråkå ånå wís kåyå saiki wiwít minimal abad kapíng 17.
Aksårå Hånåcåråkå iki jênêngé dijupúk såkå limang aksårå wiwitané.

Étimologi lan lêgèndha asalAksårå Hånåcåråkå jênêngé dijupúk såkå urutan limang aksårå wiwítan iki síng uniné "hånå cåråkå".
Urutan dhasar aksårå Jåwå nglêgêna iki cacahé ånå róngpulúh lan nglambangaké kabèh foném båså Jåwå.
Urutan aksårå iki kåyå mêngkéné:

hanacaraka-gambar
hå nå cå rå kå
då tå så wå lå
på dhå jå yå nyå
må gå bå thå ngå
Urutan iki uga biså diwåcå dadi ukårå-ukårå:
"Hånå cåråkå" têgêsé "Ånå utusan"
"Dåtå såwålå" têgêsé "Pådhå garêjêgan"
"Pådhå jåyånyå" têgêsé "Pådhå digjayané"
"Mågå båthångå" têgêsé "Pådhå dadi bathang".
Urutan ukårå iki digawé miturút lêgèndha yèn aksårå Jåwå iku diastå déníng Aji Såkå såkå Tanah Hindhústan mênyang Tanah Jåwå.
Banjúr Aji Såkå ngarang urutan aksårå kåyå mêngkéné kanggo mèngêti róng pånåkawané síng sêtyå nganti pati: Dorå lan Sêmbådå.
Loroné mati amêrgå ora bisa mbúktèkaké dhawuhé sang ratu.
Mulå Aji Såkå banjúr nyiptakaké aksårå Hånåcåråkå supåyå biså kanggo nulís layang.

Caritané kåyå mêngkéné:
Kacaritå ing jaman mbiyèn ånå wóng såkå Tanah Hindhústan anóm jênêngé Aji Såkå.
Dhèwèké putrané ratu, nangíng kêpéngín dadi pandhitå síng pintêr.
Kasênêngané mulang kawrúh rupå-rupå. Dhèwèké banjúr péngín lunga mêncaraké ngèlmu kawruh ing Tanah Jåwå.
Banjúr anuju sawijiníng dinå Aji Såkå sidå mangkat mênyang Tanah Jåwå, karo abdiné papat síng jênêngé Dugå, Prayogå, Dorå lan Sambådå. Barêng têkan ing Pulo Majêthi pådhå lèrèn.
Aji Såkå banjúr nilar abdiné loro; Dorå lan Sambådå ing púlo iku.
Déné Aji Såkå karo Dugå lan Prayogå arêp njajah Tanah Jåwå dhisík.
Dorå lan Sambådå diwêlíng orå olèh lungå såkå kono. Saliyané iku abdi loro wau dipasrahi kêrís pusakané, didhawuhi ngrêkså, ora olèh diêlúngaké marang såpå-såpå.
Aji Såkå banjúr tindak karo abdiné loro mênyang ing Tanah Jåwå. Njujúg ing nêgårå Mêndhang Kamolan.
Síng jumênêng ratu ing kono ajêjulúk Prabu Déwåtå Cêngkar. Sang prabu iku sênêngané dhahar dagingé wóng. Kawulané akèh síng pådhå wêdi banjúr pådhå ngalíh mênyang nêgara liya. Patihé ngaran Kyai Tênggêr.
Kacarita Aji Såkå ånå ing Mêndhang Kamolan jumênêng guru, wóng-wóng pådhå mlêbu dadi siswané.
Pårå siswané pådhå trêsna marang Aji Såkå amêrga dhèwèké sênêng têtulúng.
Nalika sêmana Aji Såkå móndhók nèng omahé nyai råndhå Sêngkêran dipèk anak karo nyai råndhå.
Kyai patíh karo nyai råndhå iyå wís dadi siswané Aji Såkå.
Anuju sawijiníng dinå sang prabu Déwåtå Cêngkar dukå bangêt ora wóng manèh síng biså didhahar.
Aji Såkå banjúr sagúh dicaósaké sang nåtå dadi dhaharané.
Sang nyai råndhå lan patíh dadi kagèt bangêt.
Nangíng Aji Såkå cêlathu yèn wóng loro iku ora usah kuwatír yèn dhèwèké ora bakal mati.
Banjúr Aji Såkå diatêraké ngadhêp prabu Déwata Cêngkar.
Prabu Déwåtå Cêngkar yå rumångså éman lan kêrså ngangkat Aji Såkå dadi priyayi, nangíng Aji Såkå ora gêlêm. Ånå siji panyuwuné, yåiku nyuwún lêmah saikêt jêmbaré. Síng ngukúr kudu sång prabu dhéwé.
Sang prabu Déwåtå Cêngkar iyå banjúr nglilani.
Nuli wiwít ngukúr lêmah diastå dhéwé.
Ikêté Aji Såkå dijèrèng. Ikêté tansah mulúr baé, dadi åmbå sêrtå dåwå. Iya dituti waé déníng sang prabu.
Nganti nótóg ing sêgårå kidúl. Barêng wís mèpèd ing pinggír sêgårå, ikêté dikêbútaké.
Déwåtå Cêngkar katút mlêsat kêcêmplúng ing sêgårå.
Malíh dadi båyå putíh, ngratóni saisiníng sêgårå kidúl.
Wóng-wóng ing Mêndhang Kamolan pådhå bungah.
Awít ratuné síng diwêdèni wís sírnå.
Sêka panyuwuné wóng akèh. Aji Saka nggantèni jumênêng ratu ånå ing nêgårå Mêndhang Kamolan ajêjulúk Prabu Jåkå, iya prabu Widåyåkå.
Déné patihé isíh lêstari kyai patíh Tênggêr. Si Dugå lan si Prayogå didadèkaké bupati, ngarané tumênggúng Dudugå lan tumênggung Prayogå.
Sang prabu Jåkå, iyå sang prabu Widåyåkå nimbali si Dorå lan si Sambadå.
Kacarita sang prabu Widåyåka, pinuju miyós siniwåkå. Diadhêp kyai patíh sartå pårå bupati. Sang prabu kèngêtan abdiné síng didhawuhi ngrêkså pusåkå kêrís ånå ing Pulo Majêthi.
Ndangu marang Dudugå lan Prayogå kêpriyé wartané si Dorå lan si Sêmbådå. Prayogå lan Dudugå ora bisa mangsuli awit wís suwé ora krungu åpå-åpå.
Kacarita si Dorå lan si Sambådå sing kari ånå ing Pulo Majêthi.
Wóng loro iku wís pådhå krungu pawårtå manåwå gústiné wís jumênêng ratu ånå ríng Mêndhang Kamolan.
Si Dorå ngajak sowan nangíng si Sambådå ora gêlêm awít wêdi nêrak wêwalêré gústiné, ora parêng lungå-lungå sêkå pulo Majêthi, yèn ora tinimbalan.
Nangíng si Dorå nékad arêp sowan dhéwé.
Si Sambådå ditilapaké. Banjúr mangkat ijèn waé.
Ånå ing dalan si Dorå kapêthúk karo tumênggúng Dudugå lan Prayogå. Utusan loro mau banjúr diajak bali déníng si Dorå.
Awit si Sambadå dijak ora gêlêm.
Wóng têlu banjúr sowan ing ngarsané sang prabu.
Sang Prabu ndangu si Sêmbådå ånå ing ngêndi lan diwangsuli yèn dhèwèké ora gêlêm diajak.
Mirêng aturé si Dorå, sang prabu dukå bangêt, lali dhawuhé dhéwé mbiyèn.
Banjúr Dorå, didhawuhi bali mênyang pulo Majêthi lan nimbali si Sambådå.
Yèn mêkså ora gêlêm didhawuhi dirampungi lan kêrisé dibalèkaké.
Dorå sanalikå mangkat. Ing pulo Majêthi kêtêmu karo Sêmbådå. Kåndhå yèn mêntas sowan gústiné.
Saiki diutús nimbali si Sambådå. Pusåkå kêrís didhawuhi nggåwå.
Nangíng si Sambådå ora ngandêl marang kandhané si Dorå. Banjúr pådhå padu ramé.
Suwé-suwé pådhå kêkêrêngan, dêdrêg ora ånå síng kalah, awít pådhå digdayané.
Wasånå banjúr pådhå nganggo gaman kêrís pådha gênti nyudúk. Wêkasan pêrangé sampyúh.
Si Dorå lan si Sambådå pådhå mati kabèh.
Sang Prabu ngarêp-arêp têkané si Dorå. Wís sawêtårå suwéné têkå durúng sowan-sowan mångkå didhawuhi énggal bali.
Sang prabu nimbali tumênggúng Dudugå lån Pråyogå. Didhawuhi nusul si Dorå mênyang pulo Majêthi.
Sanalikå banjúr mangkat.
Barêng Dudugå lan Prayogå wís têkå ing pulo mau, kagèt bangêt déné si Dorå lan si Sambådå kêtêmu wís pådhå mati kabèh.
Tilasé mêntas pådhå kêkêrangan pådhå tatu kênå ing gaman. Pusåkå kêrís síng dadi rêrêksan gumléthak ånå ing sandhingé.
Pusåkå banjúr dijupuk arêp diatúraké marang gústiné.
Dudugå lan Prayogå banjúr bali sowan ing ngarsané gústiné lan mratélaké kahanané.
Sang Prabu Widåyåkå kagèt bangêt mirêng pawarané, awít pancèn kaluputané dhéwé wís kêsupèn pandhawuhé.
Banjúr sang prabu nganggít aksårå Jåwå nglêgêna kanggo mèngêti abdiné loro iku.

Sumber : http://ki-demang.com/index.php/03-sejarah-hanacaraka/218-01-sejarah-hanacaraka