Tembung
Rurabasa iku tembung sing ajeg panganggone sanajan salah kaprah.
1.      Adang
esuk   : adang sega wayah esuk.
2.      Adang
sega   : adang beras supaya dadi sega.
3.      Bakul
jangan : wong dodol keperluane masak.
4.      Jaga
gerdhu   : jaga keamanan manggon ing
gerdhu.
5.      Mangan
awan           : mangan sega wayah awan.
6.      Mbathik
sewek : mbathik mori supaya dadi sewek.
7.      Mbunteli
tempe : mbunteli kedele godhog dicampuri ragi supaya dadi tempe.
8.      Menek
klapa : menek wite klapa.
9.      Mikul
soto     : mikul kwali isine soto.
10.  Ndhudhuk
sumur : ndhudhuk lemah digawe sumur.
11.  Njahit
klambi            : njahit kain supaya
dadi klambi.
12.  Negor
klapa  : negor wit klapa.
13.  Nenun
sarung            : nenun benang supaya
dadi kain.
14.  Netel
jadah   : neten ketan mateng supaya dadi
jadah.
15.  Ngekum
landha : ngekum arrange merang supaya dadi landha.
16.  Ngenam
klasa           : ngenam mendhong/pandhan
supaya dadi klasa.
17.  Ngenam
kepang : ngenam rambut supaya dadi kepang (rambut klabangan).
18.  Ngenam
sesek           : ngenam silatan pring
supaya dadi sesek.
19.  Nglinthing
rokok : nglinting klobot karo mbako supaya dadi sesek.
20.  Nulis
laying   : nulisi dluwang/kertas supaya
dadi laying.
21.  Nunggu
manuk : nunggu sawah supaya parine ora dipangan manuk.
22.  Tangi
turu     : melek bar turu.
PEPINDHAN
A
1.      Abang
kumpul padha abang-kaya alas kobong.
2.      Abange-kaya
godhong katirah.
3.      Agunge-kaya
samodra rob.
4.      Akehe
pepati-kaya babadan pacing.
5.      Akehe
lelara-kaya kena pagebluk.
6.      Ali-aline-nggunung
sapikul.
7.      Aluse-kaya
sutra
8.      Antenge-kaya
temanten ditemokake.
9.      Ayune-kaya
dewi Ratih.
B
1.      Baguse-kaya
bathara kamajaya.
2.      Bangone-awangun
gedhang salirang.
3.      Bantere-kaya
angina.
4.      Bebedane-ngandhal
melet.
5.      Bedane-kaya
bumi karo langit.
6.      Begjane-kaya
nemu emas sakebon.
7.      Bungahe-kaya
ketiban ndaru.
C
1.      Cahyane
binger-kaya lintang johar.
2.      Cahyane
nglentrih-kaya rembulan karainan.
3.      Cek
klakep-kaya orong-orong kepidak.
4.      Cethile-kaya
cina craki.
5.      Cumlorot-kaya
lintang alihan.
D
1.      Dalane-nggeger
sapi.
2.      Dawane
barisan-kaya sela brakithi.
3.      Dedege-ngringin
sungsang
4.      Dhuwure-kaya
othak-othak mega.
E
1.      Gagah
prakoso-kaya Raden Werkudara.
2.      Galake-kaya
macan manak.
3.      Gampang-kaya
empol pinecok.
4.      Gelungane-ngadhal
menek.
5.      Gelise-kaya
banyu sinaring
I
1.      Ijo
kumpul padha ijo-kaya bethet sayuta.
2.      Ireng
kumpul padha ireng-kaya gagak reraton
J
1.      Janggute-pindha
tawon gumantung.
2.      Jogede-kaya
merak kasimpir.
K
1.      Kagete-kaya
tinubruk ing wong lepat.
2.      Kaku-kaya
kena nggo pikulan
3.      Kenese-kaya
dewi Srikandi.
4.      Kopat-kapit-kaya
buntut ula tapak angina.
5.      Kuninge-kaya
emas sinangling.
L
1.     
Lakune
nusup-nusup-pindha ayam alas.
2.     
Landhepe-pitung
pinyukur.
3.     
Lelewane-milangoni
4.     
Lir sato
mungging-rimbangan
5.     
Luruhe-pindha Dewi
Sembadra.
M
1.     
Mendhak-mendhak-kaya
sato memeti.
2.     
Mider-mider-kaya
undar.
3.     
Mlakune mundur-kaya
mungkur gangsir.
4.     
Mlakune-ngodhok.
N
1.     
Nangise
ndrenginging-kaya rase.
2.     
Nangise-ngorong-ngorong.
3.     
Nututi wong
pinter-prasasat ngajari bebek nglangi.
4.     
Nyengite-kaya
dhemit.
O
1.     
Olehe kabegjan -
kaya nemu emas saloka.
2.     
Omahe-awangun
glathik mungup.
3.     
Omahe-awangun
gedhang salirang.
4.     
Omahe-awangun
klabang nyander.
P
1.     
Padhange -kaya rina
2.     
Padha - pleg
3.     
Panase - kaya
mecah-mecahna sirah
4.     
Penggalihe
padha-pindha suruh lumah lan kurupe, yen dinulu seje rupane, yen ginigit padha
rasane.
5.     
Parine – gumadhung
6.     
Parine – ngemping
7.     
Pintere – kaya bisa
njara langit.
8.     
Pipane rokok –
menyu
9.     
Pipine –kaya tomat
mateng
10.  Polahe – kaya gabah den interi
11.  Polahe – ngaru napung
12.  Polatane mbranyak – kaya Raden Samba
13.  Putih kumpul padha putih – kaya kuntul neba
14.  Putih memplak – kaya kapuk diwusoni.
R
1.     
Rakete – kaya
sadulur sinara wedi
2.     
Ramene – lir
prahara nempuh wukir
3.     
Ramene surak –
mbata rubuh
4.     
Rikate - kaya angin
5.     
Rukune – kaya mimi
lan mintuna
6.     
Rupan kembar –
pindha jambe sinigar
S
1.     
Salake – medhi
(masir)
2.     
Sambate – kaya
nggrantang
3.     
Senenge – kaya
bubuk oleh leng
4.     
Sowane
mendhak-mendhak – kaya sata manggih krama
5.     
Suguhane – mbanyu
mili
6.     
Sumbare – kya bisa
mutung wesi gligen
7.     
Suweke – nyangkem
kodhok
8.     
Swarane – kaya
mbelah-mbelahna bumi
T
1.     
Tandange cukat –
kadya kilat, kesit kadya thathit
2.     
Tandange – kaya
bantheng ketaton
3.     
Tapa – ngalong,
ngidang, nyantuka
4.     
Tekade – kaya madu
lan manise
5.     
Thingak-thinguk –
kaya kethek ditulup
6.     
Tulisane – awangun
ketumbar (aksara jawa)
U
1.     
Ulese – ngembang
asem
2.     
Untabe – kaya
samodra rob
3.     
Utange – nyundhul
empyak
4.     
Utange – turut usuk
5.     
 
W
1.     
Wangsulane – saur
manuk
2.     
Wangune – kaya dara
gepak
3.     
Wiragane – nenangi
brata
4.     
Wrangkane - gayaman
Tidak ada komentar:
Posting Komentar