Halaman

Rabu, 15 Januari 2014

Huruf Jawa

Tuladha Huruf Jawa


Huruf Jawa

Tuladha huruf Jawa


Huruf Jawa

Angin Têlågå

Angín dolanan pang randhu sangarêpé omah cilík iku nalikå Súrjan mudhún såkå bécak. Panyawangé landhêp ngêmataké omah síng kêbak nyimpên lêlakón uripé duking uni. Wís róng taún dhèwèké ninggalaké papan iki, lan nganti sapréné durúng akèh owah-owahan. Wít randhu síng tumiyúng pinggír kali, kêmbang kênångå síng wiwít mranggas lan plataran síng kathukulan sukêt-sukêt têki. Isíh dadi sêsawangan kåyå mångså síng wís-wís. Ing kéné Súrjan dilaírké lan ing kéné Súrjan ngroncé uríp nganti nyandhak dhéwåså. Kèlingan iku kabèh Súrjan nêlångså. Kênångåpå katrêsnan síng wís karoncé kanthi kêsabaran lan katêguhan kudu rantas déníng kanyatan síng paít nyêthêg. Lamat-lamat wêwayangan lêlakón dukíng uni mrêntúl manèh. Kèlingan iku prasasat kabêlèr landhêpíng wêlat, atiné Súrjan pêrih. Sawusé ngipataké síh trêsnané Súrjan, Níngrúm, kênyå gêgantilaning atiné milíh Dibyå anaké lurah kéné. Lan saiki mêsthiné biså uríp múlyå klawan juragan kayu síng cukúp suksès iku. Pancèné yå ngono. Såpå gêlêm klawan Súrjan priyå síng dilaíraké såkå wóngtuwå mískín lan nganti saiki uripé ya durúng nêmókaké owah-owahan. Isíh mlarat. Rikålå nyawang kumlébaté manúk dårå síng nuli méncók íng pang randhu ngarêp omah iku. Atiné Súrjan kumitír. Manúk dårå, ya manúk iku síng dadi wêwayangan kang bangêt nabêt ati. Ing têlågå síng ora adóh saka omahé Níngrúm, sinêksèn sêpasang manúk dårå kang kêkibêran íng têlågå iku. Súrjan nêlakaké råså trêsnané klawan Níngrúm. Tan kanyånå wóng wadón iku datan nolak apa kang dikarêpaké Súrjan. Wóng loro iku nuli kêkanthèn tangan sinambi ngurút dalan cilík síng ngêpúng têlågå. Prasasat Súrjan kêpéngín pamèr marang dårå-dårå iku, kalamún dudu manúk-manúk iku waé síng biså kêkanthèn klawan pasangané sinambi ngibêri akåså. "Kowé ora bakal blénjani trêsna iki, Níng?" Súrjan katindhês råså wang-wang. "Kang Súrjan ora susah sumêlang. Aku bakal sêtyå kåyå sêtyané têlågå iki síng nyranti têkané banyu íng kapan waé," Níngrúm nanduki måwå têmbúng síng ngumbúlké atiné Súrjan. Lan soré íng sawêtårå taún kêpungkúr iku saiki amúng dadi wêwayangan síng nêdhas íng dhådhå. Jalaran ora gantalan suwé amúng têlúng sasi såkå kêdadéyan kuwi Níngrúm wis dadi darbèké Dibyå. Tan kuwat ngampah kanyatan síng gawé tatuné ati, ora ånå pilihan liyå Súrjan kudu minggat. Nadyan pilihan iku dudu ditóhi klawan nêgakaké wóngtuwané wadón síng wís uríp ijèn awit katinggal bapaké kanggo salawasé. Nganti saiki sawisé róng taún lumaku. Súrjan antúk kabar yèn mbóké lara nêmên. Lan iku síng dadi alêsan Súrjan bali ing papan kêlairané iki, sawusé ngumbårå mêcaki ambané kuthå Jakarta. Tan kinirå wêwayangan iku bali ngaléla manèh nalikå Súrjan jumangkah íng plataran. Kalawan ngimpún katêguhan ati, dhèwèké agé jumangkah nuju íng èmpèran omah síng sêlót kêlêm íng umúr. Sêpi. Ora ånå sabawané wóng. Mangu-mangu Surjan anggoné nêrúsaké jangkah. Kudu piyé nalikå dhèwèké kudu adu arêp klawan mbokné. Sawusé róng taún ninggal tanpå pêpoyan lan saiki kêtêmu kanthi wóng tuwå wadón jroníng kahanan ringkíh. Gumléthak ånå ngambèn kanthi ngampah lårå, ijèn tanpå rowang. Kèlingan iku dumadakan mripaté Súrjan kêmbêng-kêmbêng. Råså doså síng sakgumúk gêdhéné prasasat ngantêb dhadhané. Åpå Níngrúm iku jêjêré mustikané wanita? Åpå Níngrúm iku ngungkuli kamulyané wanitå síng naté nggémból Súrjan sangang sasi sêpulúh dinå? Síng mêrês susuné sabên mångså kanggo ngandêlaké dagingé. "Oh, kênångåpå aku dadi liwúng jroníng ngadhêpi kahanan róng taún kêpungkúr?" Wís sawêtara Súrjan lêlungguhan ånå lincak síng têtêp pêngkúh sumèlèh íng èmpèré. Lincak síng pêngkúh iku kåyå nggambaraké pêngkuhé atiné síng nggawé, yaiku bapaké. Saibå wóngtuwa lanang iku ngêtóhi pati lan uripé kanggo ngêbóti kulåwargå. Nadyan mangkat ésúk mulíh wêngi, udan klawan panas, ngêlak klawan luwé, nyambút gawé minångkå burúh panggúl pasar kudu dilakóni. Nganti kasêtyané mríng kulåwargå kudu ditêmbús klawan tètèsíng gêtíh pungkasan. Ngélingi iku kabèh dadi gawang-gawang ing tlapukané Súrjan nalikå bapaké digåwå mulíh déning kåncå-kancané kanthi tatu dhådhå kang abót. Dinå kuwi nalikå íng pasar têka trêk kanthi mómót bêras, wís dadi jêjibahané bapaké Súrjan sakåncå kudu ngudhúnaké. Nangíng dinå iku tibå apês, lagi waé tutúp bak trêk dibukak. Dumadakan bak iku mrucút såkå gujêngan lan sarosané ngantêm dhadhané bapaké Súrjan. Wêkasané priyå iku gugúr ing kalané dhèwèké ngêmbari rosaning sêsanggan uríp kanggo ngopèni anak lan bojoné. Nangíng généyå, rikålå bapaké wís ora ånå lan Súrjan kudu wani kêsampiran tanggúng jawab ngopèni mbókné, kêdadak tinggal glanggang cólóng playu kagåwå såkå solahé wanitå síng blénjani atiné. Ånå ngêndi råså bêktiné anak mríng wóngtuwó, ånå ngêndi dunúng ngrêgani labúh labêté wóngtuwå síng wís wani ngêtóhi pati lan sóróh nyåwå? Åpå kudu lungå manèh awít kêtêmu mbókné kêpårå malah nambah atiné kasikså? Ora! Saibå sêlót mblêdhak tumpukan doså iku yèn aku kudu ninggal kanyatan iki. Mangkono tuwúh kêkuwatané Súrjan. Bênêr! Aku kudu mlêbu omah, mangkono katêtêpané atiné. Wóng lanang iku agé mênyat såkå lincak. Tumuli kanthi nglumpúkaké kêkuwatan jêrón dhådhå mårå dicobå Súrjan nyakêti lawang omah cilík iku. Alón kêbak pangati-ati lawang dibukak. Rainé cobå diungak mênjêro, kahanan njêro têtêp sêpi. Súrjan jumangkah kanggo marani papan pêturoné mbókné. Nangíng síng digolèki ora ånå kono. Råså bingúng, mirís, lan sêdhih gilír gumanti. "Mbók kowé ånå ngêndi, Mbók?" lirih lambéné Súrjan nyuwårå kanthi gêtêr. Sêpi. "Såpå kuwi?" dumadakan kêprungu swårå ringkíh såkå pawón. Atiné Súrjan lêgå. Gênah kuwi swarana mbókné, agé-agé dhèwèké jumangkah mênyang pawón. Nalika têkan pawón, sapandurat Súrjan ora pêrcåyå. Nangíng råså kagèt mau amúng sakêdhép nétrå, nuli malík råså bungah awít nyatané mbókné katón sêgêr waras ora åpå-åpå. Ora kåyå kabar síng têkå íng kupingé sawêtårå dinå kêpungkúr. "Mbóók...," Súrjan njêrít karo ngrangkúl mbókné. Kêncêng. Sasat dhèwèké kêpéngín nglêbúr råså salah síng matumpå íng kêkêpané mbókné. "Sêpuranên aku Mbók, aku wís ninggal Simbók sasuwéné iki," swarané Súrjan mêlas karo têtêp ngrangkúl lan ngambúngi pipiné mbókné sing wís kisút. "Yå Lé, Simbók wis ngapurå kabèh salahmu. Wís ora ånå salah tumrap awakmu, Nggèr. Dinå kêpungkúr mbókmanåwå lagi lali, lan saiki kowé wís kèlingan manèh," wóngtuwå wadón kuwi sansåyå ora biså ngampah luhé kang têrús ngurút kali cilík síng ngrênggani pipiné. "Mbók aku bali mêrga krungu Simbók lårå nêmên, åpå kuwi bênêr?" "Aku síng mêling-mêlingké kanthi kabar kuwi, Lé, murih kowé gêlêm bali,"Sawusé katón aríng. Tumuli wóng wadón kuwi nyritakaké mulå-bukané gawé kabar yèn dhèwèké lårå bangêt lan ngajab Súrjan biså bali. "Simbók darbé tåmbå kanggo larané atimu róng taún kêpungkúr, Nggèr," pungkasan alêsan kuwi síng mrêntúl såkå wóng wadón tuwå kuwi. "Aku manút waé Mbók, kabèh kanggo nêbús sagunúng dosaku klawan Simbók," Súrjan saiki anané amúng pasrah. "Yå, wís, manåwå mangkono mêngko soré bocahé dakjaluké bisa mréné." Gódhóng-gódhóng randhu ngarêp omah cilík iku kumitír katiyúp angín soré. Súrjan lan mbókné wís lungguhan ånå èmpèran omah nyranti wanitå síng wís dijanjèkaké têkå soré kuwi. "Såpå ta Mbók wanitå kuwi?" pitakoné Súrjan sasêlané ngrantu síng bakal têkå. "Mêngko kowé harak ngêrti dhéwé," wangsulané mbókné cêkak. Wanitå síng diantu-antu Súrjan lan mbókné wís katón klédhang-klédhang têkå. "Kuwi bocahé, Lé," kandhané Mbókné Súrjan klawan nudúhaké síng lagi têkå. Barêng ngêrti såpå kang têkå, Súrjan dadi kagèt. Wanitå kanthi pawakan kuru cilík lan praupané ciyut kuwi dudu wanitå síng asíng mungguhé Súrjan. "Bênêr Mas, aku. Dudu salah pandêlêngmu, aku Níngrúm," agé-agé wanita kuwi ambrúk ing pangkóné Surjan. "Généyå, gén...généyå kowé, Níng?" sagumuk pitakón lan sèwu råså bingung matumpå íng dhadhané Súrjan. Éwåsémånå wanitå sing róngtaún kêpungkúr ngrojah-rajèh atiné kuwi wís ora biså wangsulan. Tangisé kasuntak, lan síng biså amúng ngrangkúl kêncêng sikilé Súrjan. Mbókné síng ngêrti munggúh nasíb kang tumêmpúh ing panguripané Níngrúm múng biså kêmbêng-kêmbêng waspå nyipati kêdadéyan surúp iku. Íng langit sansåyå pêtêng, krungu tangisé Ningrúm surúp iku. Angên-angêné Súrjan tumlawúng. Kåyå kêprungu manèh angín tlågå síng dadi sêksi kåndhå-kandhané Ningrúm róngtaún képungkúr. ::Dening: Yan Tohari:: Kapethik saking : Jagad Jawa - Solopos http://www.solopos.co.id Sumber : http://ki-demang.com/index.php/01-cerita-cekak/460-09-angin-telaga

Dhuh Gusti

________________________________________ Sabên wayah ésúk, nalikå arêp mangkat nyambútgawé, Sawitri kêrêp kêtêmu cah lanang ênóm iku. Pådhå-pådhå mlaku nuju dalan gêdhé. Banjúr ngadêg nèng pinggír dalan nyêgat bís. Jalaran såkå pakulinan iku dhèwèké dadi têpúng karo cah lanang ênóm iku. Asmané Mardiyantó, kêrêp dicêlúk Yantó. Asalé såkå déså íng sawijiníng tlatah Kabupatèn Wónógiri. Dhèwèké ngaku isíh lêgan lan nyambútgawéné ånå pêrusahaan asuransi. Anèng kuthå iki dhèwèké ngêkós. Papan kósé ora adóh såkå omah kang dikósi Sawitri. Durúng ånå sêtaún Sawitri manggón íng kuthå kang jêjulúk Kuthå Bêngawan iki. Dhèwèké wiwit uríp mandhiri kanggo mbiyantu wóng tuwané kang wús nyêkolahaké nganti SMA. Sênajan múng dadi burúh íng sawijining pabrik tèkstil lan gaji ora akèh, nangíng Sawitri duwé pangajab gêdhé arêp njunjúng drajaté wóng tuwå lan mbiyantu biaya sêkolah adhi-adhiné.Uríp dhèwèkan níng kuthå lan adóh såkå kulåwargå pancèn gawé atiné Sawitri kêrêp ngêlangut lan sêpi. Sênajan akèh kåncå, nangíng múng winatês kåncå nyambútgawé utåwå kåncå sapanggónan kós. Ora ånå síng cêdhak bangêt. Nangíng sasuwéné têpúng Yantó, dhèwèké dadhi ora kêsêpèn manèh. Sawitri ngrasakaké donyå kang diadhêpi katón éndah lan sumringah. Dhèwèké wiwít njalín kakancan cêdhak kalawan Yantó. Sabên wayah ésúk, sinambi nunggu bís wóng saklórón pådhå jagóngan, ngóbról ngalór ngidúl. Sawitri ora isin manèh nyritakaké bab riwayat uripé, sêmånå ugå Yantó. Sêsambungan antarané wóng loro saya ngrêmbåkå. Mênêng-mênêng íng sajroning atiné Sawitri tuwúh råså trêsnå marang Yantó. Yèn sêdinå ora kêtêmu kaya saabad lawasé. Nangíng, Sawitri ora wani blåkå yèn dhèwèké trêsnå marang Yantó. Dhèwèké múng mêndhêm pangrasané aníng ati. Yantó dhéwé mujúdaké wóng ênóm kang antêng. Solah tingkahé kalêm, ora kakèhan kocap lan polah. Kapribadhèné kang ora biså dislulumi iku gawé Sawitri gojag-gajêg. Dhèwèké ora wani ndugå åpå kang ånå njêro atiné wóng lanang iku. Åpå yå dhèwèké ugå trêsnå marang aku, batiné Sawitri mangu-mangu. Mulå Sawitri múng biså ngêntèni. Ésúk iku Sawitri digawé kêcêlík amargå ora kêtêmu Yantó. Wís ånå róng dinå Yantó ora katón irungé. Dhèwèké ora naté kåndhå yèn prèi utåwå mulíh mênyang kampungé. Pangrasané Sawitri dadi ora kêpénak. Åjå-åjå ånå kêdadéyan kang nêmahi Yantó. Sawitri jané arêp mara nyang kós-kósané Yantó, nangíng dhèwèké isín. Mêngko pandakwané tånggå têparo mundhak rênå-rênå. Nangíng Sawitri yå ora biså jênak múng mênêng waé. Mulå, dinå iku dhèwèké ngêlêngaké mårå mênyang kós-kósané Yantó. Jêbúl kahanané Yantó mêlas tênan. Dhèwèké nggléthak ånå paturón, nandhang lårå. Émané, ora ånå síng ngrumat lan ngurusi. "Kók ora kåndhå yèn kowé lårå, Mas?" cêlathuné Sawitri rådå mangkêl marang Yantó. "Aku múng masúk angín biyåså kok, Wit. Wís takómbèni obat. Mêngko rak mari dhéwé," saurané Yantó alón. "Åjå digawé ènthèng, Mas. Yèn mêngko kêladúk dadi nêmên kêpiyé? Ayo, taktêrké mênyang dhóktêr!" "Ora usah, Wit! Aku wêgah gawé répót!" "Wís tå! Åjå ngèyèl!" Gandhèng dipêkså-pêkså, bacuté Yantó gêlêm dijak príksan nyang dhóktêr. Jêbúl Yantó nêmahi gêjala tipês. Bêjå, dhèwèké agé digåwå nyang dhóktêr. Dinå-dinå sabanjuré Sawitri kêrêp niliki Yantó. Ésúk sadurungé mangkat nyambútgawé, lan soré nalikå mulíh såkå gawéyan. Dhèwèké kang ngrumat lan ngurusi Yantó kayadéné sustêr. Dhèwèké ugå masakaké panganan, ngumbahi sandhangan, lan ngrêsiki kamaré Yantó. Tumindaké Sawitri iku gawé atiné Yantó trênyúh. Sawitri kåyå sisihané waé! Sasuwéné nandhang lårå, Yantó ora ngabarké kahanané marang kulawargané íng kampúng. Nalika ditakókaké déníng Sawitri, dhèwèké alêsan yèn wêgah gawé répót kulawargané. Kamångkå omahé wóng tuwané ora pathi adóh såkå kuthå iki. "Åpå ora klèru, Mas, yèn kowé ora ngabari wóng tuwamu! Mêngko yèn nganti krungu kowé nandhang lårå lan pirang-pirang dinå ora nyambútgawé, wóng tuwamu bisa dukå?" ujaré Sawitri ngélíngaké. "Ora åpå-åpå, Wit. Wóng tuwaku ora bakal dukå!" sêmauré Yantó ènthèng. "Tênané, Mas?" "Wís tå, ngandêla marang aku!" Sawitri mênêng, ora nakókaké bab iku manèh. Pirang dina sabanjuré Yantó wís mari lan saras. Dhèwèké wiwít biså mangkat nyambútgawé manèh. Sawitri mèlu sênêng nyawang Yantó wís saras. Jalaran såkå tumindhaké Sawitri kanthi ikhlas ngrumati awaké sasuwéné lårå, anèng atiné Yantó wiwít tuwúh råså trêsna marang kênyå iku. Dhèwèké biså ngrasakaké kawigatèn lan êlusan tangané Sawitri kang alús. Dhèwèké kapilút marang kapribadèné Sawitri kang élók lan bêcík! Mulå, tampå mangu-mangu dhèwèké nyatakaké pangrasané anèng ngarêpé Sawitri. Kanthi blåkå dhèwèké kåndhå yèn síh trêsnå marang Sawitri. Krungu pangakóné Yantó, rainé Sawitri dadi sêmu abang. Atiné bungah lan ora bisa digambaraké wêrnané. Síng gênah kêbak kaéndahan! Ya momên iki kang diêntèn-êntèni Sawitri. Tanpå mikír dåwå manèh dhèwèké nåmpå katrêsnané Yantó. Sabanjuré wóng saklórón ngikraraké janji arêp uríp bêbrayan nganti salawasé. *** Dinå iku Sawitri tilík kaluwargané íng déså. Ana ngarêpé wóng tuwané Sawitri blåkå yèn wís duwé pacar. Wóng tuwané mèlu sênêng krungu wartå iku lan kêpéngín ditêmókaké karo calón mantuné. Malahan wóng tuwané njalúk sêsambhungané Sawitri kalawan pacaré agé dirêsmèkaké. Nangíng Sawitri ora arêp kêsusu. Dhèwèké isíh mikiraké kulawargané dhisík! Sasuwéné ana omah Sawitri kêpêthúk karo Daryati, kanca kênthêlé. Daryati ngabaraké yèn dhèwèké sêdhéla manèh arêp rabi. Éntúk wóng Wónógiri. Sawitri mèlu sênêng krungu wartå såkå kancané iku."Lha, êndi calónmu, Ti?" pitakóné Sawitri."Isíh kêrja ånå Solo!" sêmauré Daryati."Soloné sisíh ngêndi?""Aku ora dhóng sisíh ngêndi, nangíng dhèwèké nyambútgawé ånå kantór asuransi!""Lho, kók pådhå karo pacarku. Åjå-åjå kêrjané sakantór. Ómóng-ómóng såpå jênêngé calónmu? Såpå ngêrti mêngko nèng Solo biså kêtêmu?""Jênêngé Mardi!""Kantór asuransiné jênêngé åpå?""Aku lali jênêng kantóré, Wit. Mêngko waé takabari lumantar sms. Síng pêntíng aku njalúk têkamu íng acara nikahanku mêngko!" "Insya Allah, Ti!" Ésuké, Sawitri bali manèh mênyang Solo. Ambyúr íng rutinitas kang sabêndinå diadhêpi. Sêsambhungané kalawan Yantó isíh mlaku lan malah sansåyå mésra. Dinå-dinå kang kalampahi kåyå-kåyå kêbak kanugrahan lan kaéndahan!Sawijiníng dinå Yantó pamít arêp balík nyang désané. Sawitri arêp mèlu, péngin têtêpungan karo kulawargané Yantó, nangíng ora éntúk. Yantó alêsan yèn durúng têtêg nggåwå Sawitri ngadhêp wóng tuwané. Dhèwèké karêp ómóng dhisík marang wóng tuwané. Sawitri mangêrtèni. Dhèwèké ora mêkså. Yantó pamité lunga múng arêp sêdhéla, nangíng nganti róng dinå dhèwèké durúng bali manèh. Sawitri wiwít nggrêsah. Dhèwèké bola-bali ngêbèl ponsèlé Yantó, nangíng ora nyambúng. Êmbúh, åpå Yantó sêngåjå matèni hp-né åpå pancèn nèng kånå ora ånå sinyal. Kamångkå dhèwèké wís kêncan arêp ngajak Yantó nêkani mantènané Daryati! Nalikå ngancík dinå H Yantó durúng njêdhúl. Kanca-kancané ugå ora ånå síng mêruhi. Sawitri rådå mangkêl. Bacuté Sawitri mangkat dhéwé. Kåyå kang dikandhakaké Daryati, rêsèpsi nikahan kalaksanan íng sawijiníng gêdhúng kang ånå têngah kuthané. Sawitri têkå dhéwé tampå dikancani såpå-såpå. Swara gamêlan ngumandhang såkå njêro gêdhúng. Sawitri mlaku nuju njêro gêdhúng. Swasånå wís katón ramé amargå wís akèh undhangan síng têkå. Sawitri thingak-thinguk nggolèki blêgêré Daryati.Dumadakan pundhaké digablók såkå mburi karo sawijiníng pawóngan. Sawitri méngo. Jêbúl Daryati. Kancané iku katón bédhå karo padatan. Nganggo kêbaya lan blêbêtan jarík wirón, katón ayu kåyå widadari. Sawitri agé ngrangkúl kåncå kênthêlé iku lan ngambúng pipi kiwå têngên."Slamêt yå, Ti! Sóri, aku múng dhèwèkan!" ujaré Sawitri. "Yå ora åpå-åpå, sing pêntíng pangèstuné. Matúr nuwún lho, gêlêm têkå!" sêmauré Daryati bungah."Êndi pêngantèn lanangé?" Daryati thingak-thinguk nggolèki calón bojoné. Dhèwèké banjúr nyêdhaki pawóngan lanang kang lagi ngóbról karo tamu ånå sisíh mburiné. Pawóngan lanang iku ngadêg mungkúr, Sawitri ora pati wêrúh rupané. Nangíng, nalikå tangané wóng lanang iku digèrèt Daryati lan diadhêpaké ånå ngarêpé Sawitri, dumadakan jatungé Sawitri kåyå arêp gógróg!Pawóngan lanang iku ugå pucêt rainé lan klingah-klingih nyawang Sawitri. Kåyå malíng kêcêkêl pulisi!"Iki lho, Wit. Calón bojoku. Têpúngaké, asmané Mardiyantó. Cêlukané Mas Mardi!" kandané Daryati. "Têpungaké, Mas. Iki kåncå kênthêlku, jênêngé Sawitri. Dhèwèké ugå nyambútgawé ånå Solo!"Sawitri lan Yantó alias Mardi múng pådhå mênêng. Wóng loro salaman, nangíng kétók kaku. Sawitri ngupåyå ndhêlikaké pangrasané kang gêlå ora karuan anèng ngarêpé Daryati. Dhèwèké ora bisa suwé-suwé ngadêg ånå papan kånå. Sawisé mènèhaké kadho, dhèwèké agé pamitan mulíh. Dhèwèké wís ora wani nolèh manèh mênyang mburi. Dhèwèké agé numpak bécak lan bablas mulíh. Sadawané dalan dhèwèké ora biså ngêmpêt tangisé. Dhèwèké ora ngirå yèn wóng lanang kan ditrêsnani jêbúl wís dadi sisihané kåncå kênthêlé. Nangíng kan gawé atiné luwíh gêlå, Yantó wís ninggalaké aíb anèng awaké arupå wiji kang tuwúh ånå wêtêngé! Dhúh, Gústi! Kêpiyé mêngko anggónku ngadhêpi uríp iki...? ________________________________________ ::Dening: Eko Hartono:: Kapethik saking : Jagad Jawa - Solopos http://www.solopos.co.id Sumber : http://ki-demang.com/index.php/01-cerita-cekak/471-20-dhuh-gusti

Guru

________________________________________ Sêjatinê aku ora pati srêg dadi guru. Nangíng piyé manèh. Wóngtuwaku guru, masku dhosèn, mbakyuku bojoné kêpala sêkolah SMP, kakangmasku síng sijiné guru SMK, banjúr aku síng ragíl ya kudu dadi guru. "Múl, ijazahmu luwi rak såkå IKIP. Lha yèn ora gêlêm mulang trús arêp nyambút gawé åpå? Olèhku ngragati kowé ora sithík. Yèn ngèlmumu ora kók gunakaké têrús piyé?" ngêndikané Bapak. Yèn wís ngono kuwi lan kêbênêran kabèh sêdulúr nglumpúk, kåyå olèh dalan anggóné ngrumpyúng aku. Aku ya múng mênêng, karo mèsêm. Sidané aku kêpêkså nglamar guru, pas ånå lówóngan dadi guru kóntrak utåwå guru bantu. Sênajan abót nyang ati, nangíng barêng tak lakóni kanthi sênêng, jêbúl dadi guru kuwi nyênêngké. Sabên dina anané múng kumpúl wóng akèh, kåncå akèh, lan mêsthi waé siswå síng akèh. Pancèn aku durúng duwé sisihan, wóng jênêngé pacar waé durúng duwé. Olèhé arêp golèk pacar waé carané piyé? Saiki yèn ora numpak pit móntór sing apík, cah wadón nolèh waé êmóh. Pilíh wóng síng nduwé sêpédha mótór síng apík. Yèn biså yå mobil. Aku dadi wêdi. Yèn istilahé sing ngêtrèn jaréné mindhêr. Sêtahún anggónku dadi guru. Mêsthi waé wis kumpúl kåncå akèh. Malah adané kåncå-kåncå pårå guru bantu nggawé paguyuban. "Sêdulúr sêdulúr, kita iki sênasíb lan sêpêrjuangan. Mulå yèn kita rukún, kompak mênåwå ånå åpå-åpå, bisa ngurús kanthi cêthå lan tumåtå. Mula kabèh kudu mlêbu anggota, síng rumångså biså, månggå dadi kêtua lan pêngurús liyané. Iki kanggo kêpêntingan bêrsama "mêngkono pêmbukané kåncå guru síng nduwé karêp gawé paguyuban. Kabèh pådhå sarujúk, anggotané cacahé satús sèkêt guru såkå sadhêngah tataran. Ya guru SD, guru SMP, guru SMA lan guru SMK. Kabèh guru kóntrak, suwéné têlúng tahún. Yèn wís rampúng êmbúh bakalé piyé durúng ngêrti.. Ånå crita síng nggarês nyang ati. Tansah kèlingan nangíng kudu biså dilalèkaké. Jalaran aku iki guru, sanajan guru bantu. Kåncå guru mêsthi yå akèh, nangíng síng gêlêm cêdhak utåwå gêlêm tak ajak ómóng-ómóng bab pêngalaman dadi guru ora akèh. "Bu, sampun dangu ngastó wóntên mriki? Lajêng dóspundi nggíh dadi guru síng apík, bênêr lan pas niku?" pitakónku. "Ah panjênêngan ki kåyå cah anyar waé. Lho pancèn yå anyar níng wís dadi guru yå kåyå nèk praktèk biyèn nalikå kuliyah kaé lho Pak," mêngkono wangsulané. Sabanjuré katón rumakêt. Yèn ånå åpå-åpå aku takón lan nyuwún pitudúh. Asmané Bu Tutik. Jaréné dadi guru favorit, lan guru têladan. Isíh kênyå sanajan umuré wís kêpala têlu, nangíng isíh katón kaya umur kur-kuran. Sawijiníng dina dhèwèké ngêndikå yèn arêp njagóng, nangíng ora ånå síng ngêtêrké. Lan kanthi prasaja dhèwèké njalúk marang aku supaya gêlêm ngêtêraké. "Pak kêrså nulungi aku tå? Aku ki arêp njagóng, nangíng ora ånå síng ngêtêraké, tulúng Pak yå?" mêngkono kandhané Bu Tutik. Sanajan múng njagóng, nangíng kabèh pådhå ngêrti, malah têrús móyóki aku, jaréné aku pacaran karo Bu Tutik. Sanajan batinku ora nangíng nyatané mêngkono. Lan uga Bu Tutik yå ora naté nolak ómóngané kåncå-kåncå, nangíng ugå ora ngiyani. Kabèh lumaku têrús tanpå ånå bab síng mênjilå. "Pak Múl, jaré kåncå-kåncå guru bantu pådhå arêp dhémonstrasi nyang kantór? Bênêr?" mêngkono pitakoné Bu Tutik, lan aku malah rådå kagèt. "Åpå yå tå Bu, kapan, såpå síng ngêndikå, têrús piyé?" aku malah gênti takón. "Lho njênêngan ki piyé tå. Síng dadi anggota ki rak Panjênêngan dudu aku. Aku múng krungu såkå kåncå, lan tênané kêpriyé programé åpå yå kuduné Njênêngan síng nlusúr". "Wah ngapuntên Bu. Aku kók ya bodho bangêt. Nuwún ya Bu diparingi ngêrti. Aku tak nggolèki kåncå liyané" wangsulanku cêkak karo klincutan. Sidané aku nggolèki kåncå síng pådhå nasibé. "Piyé jaré arêp dhémo, kapan, nyang ngêndi Kar?" pitakónku nalikó kêtêmu Karnó kåncå kuliyah biyèn. "Wah kowé kuwi jan bénto tênan. Mulang yo ora, gawéyanmu múng pacaran, mulå ora ngêrti kahanan, ora ngêrti pêrkêmbangan. Dhasar bénto Múl," ngono wangsulané karo mêncêrêng. "Ah ya sory. Mbók unèkké åpå waé aku gêlêm, nangíng aku ki yå múng mulang tók. Ora pacaran kaya ómóngané wóng. Malah aku ngêsír murid waé lupút. Hahaha," wangsulanku karo ngguyu. "Ra guyón Mul. Yèn ånå sétan liwat, ngómóngmu dadi tênanan, bakal nêmahi cilåkå. Pókóké ra ngrêmbúg bab ngono kuwi. Sirikané guru yèn tumindaké kåyå mêngkono. Kêjåbå siswå liya sêkolah sak karêpmu. Pókóké ngéné, súk Sêlåså aku karo kåncå-kåncå arêp nggrudúg têlúng panggónan. Sêpisan nyang kantór P dan K. Loro sowan pårå wakíl rakyat, lan têrús nyang balaikota. Ngurús nasíb. Sêbab awaké dhéwé iki wís mèh êntèk kontraké åpå têrús kón nganggúr manèh. Wís kêbacút dadi guru kók ora jêlas nasibé. Sêbab jronéng rapat pêngurús kabèh wís pådhå sêtuju. Jalaran iki mau ndulu pêngalamané pårå tênaga kóntrak síng biyèn. Tau tå ånå kamra kóntrak, banjúr bubar, akèh síng strès ånå síng édan." kandhané Karnó kåyå pêmimpín síng durúng naté dadi. "Lha têrús mêngko yèn ditolak, dibubarké lan dikón nggawé pêrnyataan piyé?" "Ngéné ya cah bagús bénto. Sésúk Minggu kuwi rapat umúm, kabèh kudu têkå. Banjúr nggawé cårå, nggawé syarat. Ya kuwi usulan, kêkarêpan lan tuntutan. Ngêrti ta kowé. Mósók sarjana kók ra mudhêngan ki piyé." Karnó såyå mêncêrêng kåyå biasané. "Iya ya aku mudhêng. Síng durúng mudhêng arêp usúl piyé têrús nuntút piyé?" pitakónku manèh. "Wèh kåyå nêrangké cah èsdé waé kók. Cah bagús Bénto Radèn Múl, rungókna yå. Awaké dhéwé ki kóntrak, yå kudu têrús. Sabanjuré pêmêrintah supåyå gêlêm ngangkat awakké dhéwé yå kabèh guru bantu dadi pêgawé négri. Sébab nyatané kan isíh mbutúhaké tå síng jênêngé guru. Ora susah tèsting manèh, sêbab biyèn yå wis tèsting. Kuwi pókók sing kudu dipêrjuangké sampai kapanpun." Kandané Karnó makantar kantar. Têkan dinå sing wís disarujúké kabèh guru bantu nglumpúk ing lapangan. Nganggo sêragamé guru. Kanthi pêrcåyå diri lan kapitayan síng wís kêplêng, kabèh budhal nyang kantór P dan K. "Sêdulúr-sêdulúr, aku wís ngêrti åpå síng kók karêpké. Nangíng kabèh kudu pådhå ngêrti lan kuduné wís ngêrti. Wéktu iki ånå sapérangan nêgårå Indonésia síng lagi nandhang sungkåwå, yaiku kêpada gêmpa lan banjír sarta tanah lóngsór. Mulå gandhèng kabèh wís pådhå ngêrti, liyå dinå waé bakal tak sêngkuyúng åpå síng dadi karêpmu," mêngkono pidhatoné Képala Dinas P dan K. Kabèh múng pådhå mênêng lan ndómblóng. Ora ånå síng bisa ómóng. Aku iki pancèn sarjana, nangíng yèn diunékaké aku jané yå sêrík. Dupèh sarjana, njúr karêpé dhéwé ora ngêrti kahanané bångså. Liyané pådhå sêngsårå malah nyaru wuwús njalúk wêrnå wêrnå. Ééé kók yå kêbangêtén. Sawêtara sêpulúh mênít ora ånå síng mangsuli. Kêpala Dinas mlêbu kantóré manèh, lan kåncå kåncå bubaran tanpå swårå tanpå pamít. "Ooh guru, iki nasibku." Múng kuwi batinku. ________________________________________ ::Dening: T Suwarto:: Kapethik saking : Jagad Jawa - Solopos http://www.solopos.co.id Sumber : http://ki-demang.com/index.php/01-cerita-cekak/458-07-guru

Selasa, 14 Januari 2014

Yudistira

     Tokoh wayang kulit Yudistira adalah anak tertua dari lima bersaudara (disebut Pandawa) pasangan Pandu dan Dewi Kunti. Memiliki garis keturunan darah putih, titisan Hyang Darma. Ia lahir dan besar di tengah-tengah kehidupan istana Hastinapura dan karakter ksatria peninggalan ayahnya. Yudistira memiliki nama muda Samiaji. Selalu mengedepankan musyawarah sebagai pendekatan tinimbang kekerasan.
      Sewaktu kalah bermain judi, ia dan empat saudaranya harus terusir dari Hastina. Maka, ia pun mendirikan Negara Amarta di Hutan Amarta. Namun, lagi-lagi harus terusir karena kedengkian Korawa. Ia dan empat saudaranya harus menyamar sebagai rakyat kebanyakan di Negara Wijangka selama 13 tahun.
    Dalam cerita Mahabarata konflik antara Pandawa dan Korawa tidak bisa terhindarkan. Sehingga perang Baratayuda adalah satu-satunya cara untuk menyelesaikannya. Pandawa pun menang dan Yudistira dinobatkan sebagai Raja Hastina. Luas wilayahnya semakin bertambah, karena adanya Amarta.
    Ketika Hastina diserahkan kepada Parikesit, cucunya, Yudistira dan empat saudaranya mengembara menjalani kehidupan sebagai pertapa. Berjalan ke utara, ke puncak Argaloka, terus ke utara ke ketinggian Gunung Mahameru. Tak ada yang tahu persis kapan dan bagaimana kematiannya.
Karakter Tokoh Wayang Kulit Yudistira



Nama: Yudistira
Nama lain: Puntadewa, Samiaji, Darmakusuma, Gunatalikrama
Karakter: Jujur, sangat sabar
Senjata: Ajian Jamus Kalimasada